Seratan menika kapethit saking Kalawarti Djaka Lodang No. 08.

Urip kudu ngati-ati. Saben titah bakal ngundhuh wohing tumindak. Laku tumindak ala nemu cilaka, laku becik bakal begja. Sapa nandur bakal ngundhuh. Mangkono ukume alam kang bakal dilakoni sakabehing manungsa ing alam donya.

Ngundhuh wohing pakarti minangka ukum alam kang nora bisa diganti nganggo upeti, disoghok nganggo rupa. Nanging, bakal dumadi ing sajroning urip minangka dadi lelakoning urip. Ukum alam mangkono kang biasane diarani ukum karma. Apa kang kadadean ing dina iki, saka asiling tumindak wingi uni. Mangkono uga apa kang katindakake ing dina iki, bakal kaundhuh ing dina sesuk- bisa suk emben - 'Suk emben' bisa ateges nalika isih urip ing alam donya bisa uga sawise ana ing pangayunaning Gusti.

Mangkono eloke wong Jawa, duwe kapitayan manawa urip ora mung ing wektu saiki. Nanging urip lumaku ing dina iki, sesuk lan suk emben tumekaning alam kalanggengan. Mulane tumrap eong Jawa percaya menawa 'urip' iku langgeng. 'Urip' iku ora bisa mati. Mati iku mung raga banjur si 'urip' nerusake laku sowan ing Gusti. Urip bakal bali ing sangkan paraning urip, yaiku sangkan paraning dumadi, ora liya ya Gusti Kang Akarya Jagad. Dadi ukum 'wong nandur bakal ngundhuh' tumrape wong Jawa diugemi dadi cekelaning urip ing ngalam donya. Jumbuh karo piwulange Sunan Kalijaga nalika paring wejangan marang Ki Ageng Pandanaran, mengkene :

Urip iku neng donya tan lami upamane jebeng menyang pasar, tan langgeng neng pasar bae, tan wurung nuli mantuk, mring wismane sangkane nguni ing mengko aja samar, sangkan paranipun ing mengko padha weruha, yen asale sangkan paran duk ing nguni, aja nganti kesasar.

 

Yen kongsiya sasar jroning pati, dadya tiwas uripe kasasar, tanpa pencokan sukmane, saparan-paran nglangut, kadya mega katut ing angin, wekasan dadi udan, mulih marang banyu, dadi bali muting wadhag, ing wajibe sukma tan kena ing pati, langgeng donya akherat. (Dhandhanggula)

Manawa wong jawa -kepara wong sadonya -ngerti dunung sangkan paraning urip, tumindake mesthi bakal ngati-ati. Ora sakarepe dhewe. Wedi nerak ngger-anggering urip. Ukum agama apa wae, lan kapitayan apa wae mesthi ngajarake manawa wong urip bakal nampa ganjaran ing tembe mburine trep klawan apa kang ditindakake ing uripe.

Kapitayan babagan ngundhuh wohing pakarti pranyata kuwawa njurung laku utama. Bisa nyandhet laku culika, nyingkiri watak candhala kang gawe sengsarane ngaurip. Gegaraning urip kang mangkono nuwuhake :

  1. Pangati-ati lamun micara. Manungsa bakal kupiya njaga lisan saka omongan kang ora becik. Aja nganti ngucap kang gawe tatuning liyan, amarga omongan ala utawa becik tudhone bakal nemahi ing awake dhewe.
  2. Nyingkiri watak culika, amarga watak culika wusanane bakal nyilakani awake dhewe. Samubarang becik ketitik, kang ala bakal ketara.
  3. Gelem age-age njaluk ngapura menawa salah, amarga ora pengin ketaman ala sajroning lelakon uripe. Kepiye wae sapa kang nyimpen tumindak kang salah wusanane bakal seleh.

Muga-muga awake dhewe tansah pinaringan rasa eling, wening, banjur mbujung tumindak becik kang tanpa pamrih. Pamrihe amung ngundi rahayuning titah sajagad.

 

sumber: Djaka Lodang No 08