Seratan menika, kapethit saking Kalawarti Djaka Lodang no 36, seratannipun Lestari Purbaningsih.

Nalika wong lagi padha seje panemu, rumangsa paling bener lan paling apik biasane emoh dikalahake. Apameneh yen dikuwasani lan ditindhihi anane kepentingan (konflik kepentingan), wis mesti nganti padha ditohi pol-polan kepara tekaning pati. Piyayi sepuh paring pitutur menawa wong ora bisa ngendhaleni dhiri lan kentir ing kamurkan kuwi kagambarake kayadene denawa utawa wujuding buta kang nggegirisi ora ana sing mencutake babarpisan. Matane abang mbranang, swarane sora ora tumata, awake geter kaya bisa njugrungake gunung. Cekake sapa sing nang cedhake bakal dadi korban. Wis ora ngetung bab subasita, rasa pangrasa, ewuh pakewuh, malah bisa lali ing dhiri pribadi.

Akeh conto kang bisa dinulu kayadene anggota dewan kang tuhu kinuratan minangka wakiling rakyat samesthine bisa njaga solah bawa, trapsila lan pangandikan kang tetes mentes merak ati. Nanging yen pinuju geseh ing panemu wis ora isin maneh padha pating brengok, munggah meja, ngangkat kursi nganti milara marang pepadhane.

Kenangapa wong yen pada seje penemu kok kudu nesu lan padha ngendika sora? Apa wong yen lagi nesu banjur padha budheg suda ing pangrungu? Kamangka sing diajak guneman ana ngarepane? Malah uga tinemu yen swara sora kurang marem isih tambah nganggo nggebrak meja?

Para winasis paring andharan menawi wong lagi padha nesu iku tegese rasaning ati ing antarane wong iku lagi adoh, mula supaya bisa dirungu banjur padha mbengok. Saya sora pembengoke tegese ati lan katresnane uga saya adoh. Katandhingake yen wong lagi pada andon katresnan wong iku ora padha pating brengkok nanging ngendikan kang sarwa alus, lirih kebak sih merga ati kekarone banget cedhak kepara keket tanpa sela. Malah wong loro kang banget kagubel tresna diwasa wis ora perlu maneh kakehan pangandikan lan pradondi nanging cukup ngendika saklimah malah kanthi kedhep netra wus tanggap ing sasmita merga siji lan sijine wis padha mangerteni ing bab kang disenengi lan endi sing ora dadi kersane.

Pamrayoga bab ngendhaleni dhiri menawa kepeksa seje ing panemu aja nganti kanepson kaumbar lan atine padha ngadoh. Tetep eling lan ngati-ati ing pangucap supaya ora getun ing mburi. Merga biasane yen anggone murka wus lilih banjur isin lan wirang luwih angel lan mbutuhake wektu dawa kanggo gawe pulih ati kekarone. Apameneh yen karo sedulur dhewe eman banget yen nganti sesambungan batin kebacut adoh nganti ora bisa didandani merga tatu pinggeting ati kena swara.

Perlu uga dadi pepeling wong kang dhemen nesu kuwi ngundang lelara tumrap awake dhewe. Amarga nesu 5 menit wis bisa ngrusakake sistem kekebalan awak suwene 6 jam. Ayo padha ngurangi ngumbar kanepson dimen waras lan tansah bungah merga seduluran kebah sih sinisihan.

sumber : Djaka Lodang No 36