Seratan meniko katulis dening Prof. Dr. Adi Heru Sutomo, kapethit saking kalawarti Djaka Lodang No. 02.

Apa ta kang sinebut Filsafat? Ana kang ngarani yen Filsafat iku ilmu kang nyinaoni opo wae, saengga ing basa Inggris kerep kasebut "the Science of what is all about" awis saka filsafat iku sabanjure dilairake ilmu-ilmu liyane kayata illmu kasarasa, ilmu jiwa, seni, ekonomi, lan liya-liyane, pramila uga ana kang ngarani yen filsafat iku ibune ilmu-ilmu liyane.

Ing jagating Filsafat ana sawenehing guru-guru senior ing jaman biyen kayata Plato (427-347 SM) lan Aristoteles (384-322 SM) kang ngendika yen filsafat iku sabenere asil olah akal lan budine manungsa kang luhur banget, saengga filsafat bisa nggayuh adoh banget ngluwihi apa wae kang ana ing ndonya.

Maknane bilih kanthi nyinaoni filsafat, miturut Plato lan Aristoteles manungsa sabanjure bisa mangerteni anane kang ana uga mangerteni anane kang ora ana. Kanthi nyinaoni filsafat manungsa bisa mangerteni kang katon lan uga kang ora katon.

Miturut Plato lan Aristoteles bilih urip kang asesifat filosofis lan teoritis iku luwih luhur tinimbang urip ing padinan-dinan utawa urip ing kanyatan yaiku gesang ing alam ndonya iki. Pramila saka iku masarakat moderen akeh kang gandrung marang filsafat awit filsafat iku karya akal lan budine manungsa kang kaanggep perangane utawa sebagyan konsep kagungane GUSTI KANG MAHA WIKAN.

Thomas Aquinas (1224-1274) sakwijining filsof anom utawa filsof mudha kang aliran filsafate sinebut Thomisme (saka tembung THOMAS-ISME) kang sabanjure sinebut Neo Thomisme iku ngandharake yen etika, estetika lan politik iku mlebu ana kukubane filsafat praktis kang gegandhengan karo prinsip-prinsip moral, kreasi estetika lan organisasi politik. Pramila saka iku ing babagan Teologis, manungsa iku kudu bisa nggayuh kabecikan utawa "Kasampurnan" kang paling dhuwur, yaiku kanthi nyawiji marang GUSTI KANG MAHA KUWASA, lan sabanjure nembe bisa mikir kanthi rasional (Sumber: Iswara, Singgih & Sriwiyana, Hadi 2010)

Yen nggatekake aliran filsafat kang kasebut ing ndhuwur bakal kawistara yen sabenere kang digagas dening filsafat iku kepiye murih bisane manungsa iku dadi manungsa kang sampurna, awit yen miturut Neo Thomisme iku kang kaanggep paling sampurna iku iya mung siji yaiku GUSTI KANG MAHA TUNGGAL LAN MAHA KUWASA.

Gegandhengan karo bab ing ndhuwur, pramila Thomas Aquinas paring pitedah bilih yen ing jagating ilmu-ilmu katuhanan utawa teologi utawa Theology piyambake tansah anenimbang-nimbang utawa sabenere wae ora percaya marang kabisane manungsa amemikir kanthi rasional, yaiku mikir kanthi logis lan kritis adhedhasar rasio utawa utek.

Pramila amerga kahanan kang kaya kasebut ing ndhuwur sebanjure Thomas Aquinas paring pangandikan yen bisa wae lan sok sapa wae iku bisa kok nggayuh kasampurnan saengga bisa mikir kanthi "Rasional" nanging kudu nyawiji utawa manunggal dhisik marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.

MANUNGGAL GUSTI 

Kadang Sutrisna, ngenani filosofi Thomas Aquinas kang adhedhasar yen piyambake iku duwe panduga bilih manungsa iku cilik lan bodho saengga piyambake ngaturake pamrayoga yen becike manungsa iku nyawiji utawa manunggal wae marang Gusti Kang Maha Wikan murih bisa sampurna saengga bisa mikir kanthi adhedhasar rasional kang bener.

Ing ndhuwur kawedharake kanthi ngati-ati bilih manungsa manunggal klawan Gusti Kang Maha Sampurna iku ora bisa tumama awit cetha yen zat utawa bahane wae beda, pramila apa kang disuwun dening Thomas Aquinas iku bisa uga mung kalebu pepindhan wae.

Yen ngono kawistara bilih bawa filsadat manungsa bisa mangerteni apa-apa kang ora ana ing ndonya lan kanthi setiti tur ngati-ati sabenere manungsa uga bisa nyinaoni ngelmu kasampurnan jati, yaiku mangerteni "Sapa Sejatine Gusti Kang Murbeng Dumadi"

sumber: Djaka Lodang No. 02