Seratan menika kapethit saking kalawarti Djaka Lodang No. 03

Begja. Tembung iku ngemu surasa lelakon kang maremake ati (Kamus Baosastra Djawa, W.J.S. Poerwadarminta, 1939:38). Sakabehing titah kang gumelar ing jagad mesthi pengin nggayuh kabegjan. Ora ana kang pengin uripe cilaka. Begja utawa cilaka gumantung marang tumindak lan kapribadene dhewe-dhewe. Sri Paku Buwana IV ing Serat Wulangreh ngandharake "Bener luput ala becik lawan begja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga, dudu saking wong liya, pramila den ngati-ati, sakeh dirgama, singgahana den eling." (Pupuh VII, Durma, Pada 3). Manawa manungsa seneng tumindak ala, culika, durjana, seneng gawe cilakane wong liya bakal ngundhuh kacilakan dhewe ing uripe. Semono uga manawa manungsa seneng tumindak becik, becik marang sapa wae bakal ngundhuh urip ing kabegjan, ayem lan tentrem.

R. Ng. Ranggawarsita ing Serat Kalatidha Pupuh Sinom pada 7 diwerdekake wong kang begja iku wong kang eling lan waspada. "Amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi, melu edan nora tahan, yen tan melu anglakoni, boya kaduman melik, kaliren wekasanipun, ndllalah karsa Allah begja begjane kang lali, luwih begja kang eling lawan waspada" (Pupuh Sinom pada 7). Tembung "eling" lan "waspada" minangka kunci kanggo gegebengane wong kang pengin urip nemu ing kabegjan.

Satemene lelakone kabeh titah yen kajumbuhake kalawan gumelaring jagad kang tansah gumelir pancen ana sambung rapete. Tumraping jagad kang gumelar, gumilire mangsa kala iku sambung rapet kalawan gumiliring kahanan. Gumiliring mangsa kala tumrap gumelaring jagad, kayata : awan bengi, esuk-sore, ketiga-rendheng, lsp. Gumeliring kahanan yaiku : padhang lan peteng. Gumiliring wektu tumrao jejering para titah yaiku: lair-surut, urip-mati. Wondene tumrap lelakon kang dialami ing urip yaiku: begja-cilaka, bungah-susah, tentrem-tintrim.

Babagan tentrem sarta tintrim tumrap jejering manungsa iku tandhese ana ing lelakoning urip jroning jagading panguripan. Uriping sagung titah iki nemahi tentrem manawa panguripane tansah nemu begja. Kosokbaline urip nandhang tintrim manawa nemahi cilaka. Trep kalawan piwulang kang sinebut ing Serat Wulangreh yen ta begja utawa cilaka iku amung saka dhiri pribadi, tuladhane: Nalika mlaku kepleset, kejungkel akeh-akehe manungsa banjur nyalahake dalan kang diliwati. Apa pener manawa nyalahake dalan? Bab kepleset utawa kejungkel ing dalan iku pancen amarga ngukuhi dhirine supaya enggal kaleksanan panjangake.

Wasana, minangka jejering khalifah ing jagad, padha nintingi tumindake dhewe-dhewe. Sakabehing tumindak bakal nampa ganjarane dhewe-dhewe. Luwih becik sing amanah nalika tinitah lan kinodrat dadi apa wae. Dudu dhuwur cendheke pangkat lan drajad kadonyan kang nemtokake begja lan cilaka, nanging tumindak prasaja linambaran eling lan waspada.

Muga-muga sakabehing janma manungsa bisa angraras ing gumelar lan gumilirning jagad saisine temah anemahi kabegjan ing uripe. Rahayu donya akherat.