Kapethit saking kalawarti Djaka Lodang No. 38 seratan Adi heru Sutomo.

Begja Sawetah utawa Bahagia Seutuhnya kang sok uga kasebat Kawruh jiwa kang dadi ajarane Kyai Ageng Suryamentaram iku saiki uga ana kang nyebat Ajaran Ilmu Bahagia kang yen dijawakake dadi Ajaran Ilmu Begja.

Kyai Ageng Suryamentaram iku sabenere putrane Sri Sultan Hamengku Buwono VII kang nomer 55, awit pancen cacahing garwa Sri Sultan Hamengku Buwono VII iku akeh. Satemah cacahing putra uga akeh banget. Mbokmenawa amarga kahanan kang kaya kasebut ing dhuwur iku pramila Kyai Ageng Suryamentara ngayahi lelaku kaya lumrahing manungsa biasa saperlu ngupadi Kabegjan Jati.

Sabanjure kahanan paring pirsa yen Kyai Ageng Suryamentaram kasil nemokake Ajaran Ilmu Begja kang banjur kabiwarakake marang sapa wae kang kersa mirengake piwulange. Apa-apa kang dadi piwulange piyambake iku dingedikakake mawa basa Jawa biasa, yaiku basa kang gampang dimangerteni dening masarakat biasa.

Srengenge Mataram

Ana kang paring pangandika yen Kyai Ageng Suryamentaram iku Srengenge Saka ngayogyakarta, nanging uga ana kang paring pirsa bilih Srengenge Saka Matara iku dudu Kyai Ageng Suryamentara nanging Srengenge iku sabenere ajarane piyambake.

Kena kasebat yen Kyai Ageng Suryamentara iku pelopor laire teori Psikologi khas Jawa kang diajab bisa tinerepake jreoning pawiyatan luhur, lan ing kanyatan saiki wis tinerepake kanggo bahan ajar S2 lan S3 ing Universitas Santo Thomas Filipina lan mancanegara liyane.

Hadi Sutarmanto (Kompas, 15/nop/2014) paring pangandikan yen 87% ahli psikologi iku para piyantun Yahudi, satemah teori-teori psikologi iku kababar jroning budaya lan cara-cara pamikirane bangsa Yahudi. Anane Psikologi Jawa kang kayasa dening Kyai Ageng Suryamentaram iku bakal bisa nambah moncering lan ngrembakane ilmu-ilmu Psikologi utawa ilmu-ilmu Jiwa manusia.

Suryomentaram iku sabenere sawijining Pangeran utawa putra Raja saka Kraton Ngayogyakarta, sabanjure kanthi nglukar agemane banjur dadi Petani cilik ing Desa Bringin Salatiga, yaiku ing Jawa Tengah.

Sabanjure miturut Ki Ageng Suryomentaram bilih bahagya iku ora amarga pikantuk untung, utawa bahagya iku ora amarga duwe prestasi kang luwar biyasa utawa diakoni kapinterane, nanging bahagya iku amarga anane bejo utawa "Beruntung".

Ajaran Ki Ageng liyane yaiku bab maknane "Rasa Seneng" lan "Rasa Ora Seneng", yaiku bilih rasa seneng lan rasa ora seneng iku dudu fakta utawa kanyatan, nanging malah reaksi marang fakta utawa kanyatan kasebut.

Kabudayan Jawi iku bisa dadi penyeimbang dinamika sosial jroning masarakat yaiku jroning falsafah MOMOT KAMOT, kang sabenere ngemu surasa bilih apa wae bisa tinampi kanthi apik, contone wae bab lumebune budaya India, budaya China, budaya Eropah, budaya Arab lan liya-liyane kang ing kanyatan kabeh tansah bisa tinampi ing Nuswantara kanthi apik. Sepisan maneh apa wae bisa diamot utawa digawa ing Nuswantara iki, lan temtu wae mengko uga bakal bisa kaamot utawa bisa diupakara kanthi apik.

Pamanahan

Kadang Sutrisno, yen nyinaoni seratan ing dhuwur kanthi temenan, temtu bakal bisa dimangerteni yen filosofi momot kamot iku kayakaya duwe makna "You Will Used to it" tumpraping piyantun Inggris kang maknane "Suwe-suwe sliramu bakal bisa nampa" kang sabenere uga ngemu surasa "Ayo ngayahi sabar, awit suwe-suwe sliramu bakal bisa nampa kanthi apa anane".

Kepiye carane murih ing samubarange iku sapa wae kasuwun sageda sabar, telaten lan ngocog-nyocogake marang kahanan, awit kanthi mangkono sapa wae bakal bisa mangerteni yen biyen ora bisa rukun sabanjure ing dina buri ing kanyatan bisa dadi rukun kayadene amplop lan prangko.

Temtu wae kuncine iya mung siji, yaiku sabar.