Masarakat Jawi sanget ngajeng-ajeng supados gesang lan panggesanganipun laras kalihan kodrat alam. Perkawis punika saged kacipta menawi saben anggota masarakat Jawi ing saben tindak lan sikepipun gadhahi pandoming tatanan ingkang sampun dipun pitados dening masarakat jawi piyambak.

Wonten kalih kaidah pokok ingkang kados lelandhesaning norma moral masarakat Jawi injih punika bilih saben tiyang Jawi katuntut gadhahi tindak aweh rasa resep, saengga boten andadosaken pasulayan utawi konflik. Sikep ingkang kados mekaten punika salajengipun dipun sebat kanthi istilah prinsip kerukunan.

Ingkang kaping kalih injih punika bilih ing saben situasi dipun angkah anggota masarakat Jawi ing dalem cara ngunandika lan mrenahaken dhiri pribadi sanityasa nedahaken sikep kurmat dhateng tiyang sanes. Sikep kurmat punika boten kok ateges wedi, ananging sikep andhap asor. Perkawis punika dipunlarasaken kalihan derajat lan pangkatipun tiyang. Prinsip punika ingkang dipunsebat kanthi nami prinsip kurmat.

Wonten ing sikeping padintenan anggota masarakat Jawi sacara konsepsional dipunajeng-ajeng gatosaken prinsip gesang kalawau. Menawi saben anggota masarakat sampun saget nglestantunaken larasing batos lan ngeningaken emosinipun ateges piyambakipun sampun nggayuh kadhiwasaning moral lan jiwa.

Kapindho, pandoming gesang kasebat dados sumbering Jiwa Jiwa lan ketingal dados kebiasaan, tindak lan tingkahipun tiyang Jawi padintenan, sinaosa kanthi bobot ingkang benten-benten. Dhasaripun moral kasebat dipunwurukaken turun temurun dhateng generasi anem. Dene cara nerusaken moral kasebat saget lumantar maneka warni cara upaminipun kanthi nasihat, wewaler, pamali, utawi wulang wuruk langsung lan sapiturutipun.

Tataran nilai kasebat dipun landhesi tindak lan sikeping manungsa. Menawi tataran nilai punika timbul wonten ing masarakat lan lajeng tataran punika dados pilihaning masarakat, pramila tataran punika badhe dipuntekadi kangge ngleksanakaken lan dipun upayakaken lestantunipun.

Saking tindak lan sikep ingkang sumberipun wonten ing nalar badhe lair penilaian leres lan lepat, saking tindak lan sikep ingkang sumberipun saking karep, badhe nglairaken penilaian sae lan awon. Saking tindak lan sikep ingkang sumberipun saking kapitadosan badhe lair sifat religius lan non religius. Ingkang nemtokaken penilaian punika injih kelompok-kelompok etnis tertemtu utawi masarakat. Pelestarian penilaian punika dipun lampahaken dening masarakat, kelompok-kelompok lan bangsa tertemtu karana nilai mujudaken satunggaling ukuran ingkang dipun yakini lan kedah dipun jejegaken kangge nglestantunaken irama gesang ingkang laras kanthi kodrat alam lan panggantha luhur satunggaling masarakat utawi kelompok tinamtu lan bansa tinamtu.

Lantaran wontenipun penilaian punika, badhe muncul wewaler, aturan lan wates-wates ingkang tujuaning kangge ngatur tingkah laku manungsa ing gesangipun supados laras kalihan harkat lan martabating manungsa ingkang dados pangganthaning masarakat. Wontenipyn penilaian punika andadosaken munculipun tatatan ing masarakat punika piyambak.

Wonten ing abad ingkang sakalangkung rumit punika masalahipun lajeng menapa perkawis ingkang sampun dipun wedhar ing inggil punika menapa taksih pikantuk porsi ingkang agung ing masakarat?

Saben dinten kita dipun oyak dening gegebengan kangge ngoyak kabetahaning gesang. Gesang dados kados robot, manungsa sampun mboten ngupados permenungan malih. Pola ibadah sampun kirang. Samadi sampun kirangi lan dados cethek. Kita dados asring kesupen bilih manungsa punika gadhahi misi gesang ingkang luhur. Menapa taksih manungsa Jawi kersa maneges lan manekung dhateng Ingkang Maha Kuaos.

Menapa manungsa Jawi taksih kiyat ngayati budayanipun. Sikep isin, andhap asor, tepa slira, rukun, ngajeni, sabar, nrima, sarta ngendhani sikep kasar, drengki, srei, jail, methakil, mumpung, dahwen, open, dumeh raosipun kirang  dipun gatosaken malih. Cecongkrahan, tawuran, korupsi, manipulasi, main, nganiaya ingkang boten laras kalihan kabudayan Jawi lan ugi budaya asing, samsaya ketingal. Punika dados tandha bilih tatanan moral ingkang dipun yakini lan dipun gantha pikantuk tantanganipun. Kathah tiyang jawi sapunika ingkagn boten mangertos bahasanipun.

Kathah kulawarga ingkagn boten ngginakaken basanipun malih. Tiyang Jawi kelangan Jawinipun. (Ki Juru Bangunjiwa)

sumber : Djaka Lodang