Sapada, pethikan Serat Darmagandhul, Ki Kalamwadi mbeberake yen kersa naliti bakal dadi moncere maneh wong Jawa. Tembang iku unine sawutuhe sejatine ngandut ramalan :

Yen wonten manungsa Jawa

Jawa Jawi anganggo mata sijiĀ 

nami sepuh, gaman kawruh

niku momongan kula

tiyang jawi sun wruhke bener lan luput,

sigra tedhak Sri Narendra

arsa ngrangkul den inggati

'Yen ana manungsa Jawa, Jawi anganggo mata siji', mujudake pralampita menawa Jawa ing kene dudu suku etnik Jawa ananging sawijining arah urip kang tlonjonge marang kawicaksanan urip migunake urip nganggo mata siji. Tegese mata siji yakuwi rasaning manungsa kang sejati.

Yen wong Mataram ngarani nganggo Mata-arum-Matarum. Bener ingkang sejati kang dadi panutaning urip dudu bener mirutut KPK, bener miturut Mahkamah Agung,bener miturut Presiden utawa panguwasa, ananging bener kang sejati kang dibenerake dening masarakat lan Gusti Ingkang Pinuji.

Bener lan pener sing kaya ngapa, kabeh mau dipasrahake marang kawicaksananing dhiri pribadhi. Banjur asma sepuh, gaman kawruh, iku maknane kepriye. Asma sepuh ora ateges jeneng tuwa, ananging sepuh ing kene duwe makna boboting urip kang jembar tebane lan jero tegese. Wong tuwa iku duk ing uni tansah duwe pangarep-arep dhuwur tumuju marang Ingkang Hakarya Jagad.

Karana pupus tansah ngengidung pepudyan jati. Urip tansah tumelung marang Sangkan Paraning Dumadi. Sangkan paraning pambudi lan manunggaling Kawula Gusti.

Karana ya kuwi kang dadi tujuwane uriping manungsa. Panggantha mangkono kang bener kang sejati kuwi dadi semangat perjuwangane manungsa. Kabeh upaya amung ditujokake kanggo nggayuh tumurune kratoning Pangeran ing donya.

Mulane semangat iki uga sejatine nukulake, sawijining perlambang urip kang sinebut Sukasarana. Yakuwi sawijining pawongan kang suka asih ing sesamining urip.

Lelandhesan kawruh urip bilih manungsa kuwi amung mampir ngombe, mulane kudu wani milih omben-omben kang apik yakuwi banyu bening kang bisa dadi lejaring jiwa, sukaning sukma. Banyu bening kang winewe kalintangan. Lha apa pigunane kawruh utawa ilmu kanggone manungsa?

Miturut tembang pocung ana ing Wulang Reh: Ngelmu iku, Kelakone kanthi laku, Lekase lawas khas, Tegese khas nyantosani, Setya budya pangekese durangkara.

Kanyata ilmu iku ora kanggo golek pangupajiwa lan kanggo urip, ananging luwih ditengenake kanggo ngekes durangkara. Angaramurkane dhiri pribadhi utawa angkaramurkane manungsa. Mula aneh yen saiki akeh kang padha tuku ilmu, tuku kawruh karana amung dianggo golek jabatan lan kekuwasaan.

Kawruh agama, kawruh jiwa mujudake sawijining kawruh kang kudu dikantheni kanthi laku. Ora amung kandheg ana ing pangerten. Kawruh-kawruh kang kasinau ambuka batine manungsa kanggo mbangun urip utama- urip tata manungsa, tegese urip kang teratur lan kinendhalen lan wicaksana.

Ing kene manungsa lagi bisa mangerteni endi kang bener lan endi kang salah. Tata kuwi mujudake sawijining pengarep-arep saben manungsa urip. Banjur sabanjure diterusake kanthi tata tentrem karta raharja, sawijining panggantha kang luhur kang dadi idham-idhamaning manungsa-urip.

Ananging ingkang jeneng manungsa maksih kajiret ing nafsu kepingin ngusawani, lan kajiret ing semat drajat lan pangkat, lali, luput lan apes. Mula amung wong kang bisa ndeleng urip kanthi batin kang wening kang bisa mujudake ramalan lan pangganthaning para leluhur duk-ing uni. Meshi wae kabeh mau kudu diwujudake bebarangan ing masarakat. Menawa brayat agung Indonesia gelem nglakoni apa kang dielingake dening leluhur kang dipralampitakake parahyangan, mesthi wae urip beberayan agung bisa ayom ayem lan tentrem, kanthi tata raharja. Mula ora jeneng aneh yen KGPAA.MN IV Whedatama paring rerepen lumantar Pangkur: "Mangkono ngelmu kang nyata, Sanyatane mung weh reseping ati; Bungah ingaranan cubluk, Sukeng tyas yen den ina, Nora kaya si punggung anggung gumunggung, Ugungan sadina-dina, Aja mangkono wong urip." (Ki Juru Bangunjiwa)

sumber: Djaka Lodhang

catatan kaki : KGPAA.MN IV : Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anya Mangku Negara IV